MENGENAI YANZ


Name: yanuarsintoanggoro
Home: SLEMAN PENUH BERKAH, NGAYOGYAKARTA HADININGRAT, Indonesia
About Me: saya adalah orang yang lahir dengan (ALHAMDULILLAH YA ALLAH) kesempurnaan. lahir dari rahim seorang Budi Winarni yang di buahi oleh Sutono. Kini sedang menjalani studi di obat alami UGM. sebuah kampus yang mentereng di Indonesia (semoga aku ikut mentereng karenanya).
See my complete profile

POSTING SEBELUMNYA
BULAN
SAMBUNGAN
Free Web Site Counters
Free Web Site Counters
Jumat, 27 Juli 2007
JARING JARING
Nalika aku isih smp, aku gawe band kang aran audioservice. Yo akhire band iku kang gawe awakku iso rodo nyentrik. Audioservice iku kabentuk saka murid-murid smp 8 ngyogyakarta kelas IX 6(nalika iku isih III 6), yaiku aku (drum), wikan(gitar lan voc), tompel(bass), sheila(keyboard) <>, lan ono cah saka smp piri kang aran bayu(gitar). Nalika iku aku bisa ngrasakake kekancan kang bener-bener kekancan. Nang kono aku lan konco-konco "carmuk" bareng, turu bareng, ngluyur bareng, adus bareng, "nginjen" bareng, nyepnyep bareng, lsp. Oalah urip rasane kok kaya entheng banget. Sajatine, band iki mung dadi sarana kanggo kumpul-kumpul. Kanggo kumpul wong lima kang sajatine durung mesthi jodo yen ora kumpul bareng. Misale aku sok ra jodo karo kemprohe wikan, karo sikape bayu, lsp. ning yen ono konco liyane(cah lima padha kumpul) sing di sengiti bisa di ilangi. Iku yen dipikir kaya jaring onggo-onggo, yen bentuke isih benang nyambung benang durung bisa mbentuk kasetimbangan. Ananging, nalika wis wujud jaring akhire bisa setimbang. Mengko yen jaring iku ana sing pedhot salah sijine bisa ra imbang, ning yo terus menyesuaikan supaya imbang. iku kawujud nalika aku yo mung kari cah loro (aku karo wikan). saiki wis bali mapan maneh. thank's yop konco-konco.
posted by yanuarsintoanggoro @ 00.50  
0 Comments:
Posting Komentar
<< Home